Wewaler yaiku samubarang kang ora kena diterak, sesambungan karo kahanan
ing sakiwa tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo
gusti Allah sing nyipta. Ing wulangan iki wewaler sing dirembug yaiku wewaler
kang ana ana sesambungane karo manungsa sesrawungan karo lingkungan. Manungsa
urip kuwi tansah sesambungan siji lan sijine. supaya sesambungan kuwi lumaku
kanthi becik, saben manungsa kudu ngugemi marang paugeran paugeran kang bisa
kajupuk saka wewaler. Sebab kanthi ngugemi wewaler kuwi mau manungsa bisa
nindakake babagan kang utama ana ing sakjroning uripe. kayata anane rasa urmat,
tepa slira, tulung tinulung, rasa welas asih lan duwe jiwa kaprawiran kanggo
kamulyaning nagara.
Tuladha:
1. Ora ilok lungguh nang bantal, mengko wudunen.
Artine:
Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka
2. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.
Artine:
Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan. 3. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.
Artine:
Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular 4. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.
Artine:
Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh. 5. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.
Artine:
Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh
kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane Tujuwan
baku medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake
informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha
mangreteni sing diedharake.
Peprincening medhar pangandikan iku kaperang ddadi
pirang-pirang perangan.
a. Hamedhar
pangandikan kang asipat mratelakaken informasi.
b. Hamedhar
pangandikan kang asipat hiburan. c. Hamedhar
pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamyarsa.
2.Perangan sesorah/pidhato
Perangan sesorah/pidhato ing
antarane yaiku :
a. Pambuka
Surasane
ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang
Gusti.
b.Surasa/isi
Perangan
iki ngemot andharan wigatining sesorah.
c.Wasana/PanutupLead
Ing
babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure
ngaturake pangajak marang kabecikan banjur dipungkasi ngaturake kaluputan
anggone ngandharake lan salam panutup.
3.Unsur-unsur sesorah/pidhato
Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/pidhato yaiku 5W + 1H.
4.Teknik maca sesorah/pidhato
Nalika
nindakake sesorah saliyane perangane kudu ganep, uga kudu nggatekake:
a.Sikep nalika
sesorah. Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora mingsat-mingset lan anteng.
Dene yen sesorah kanthi lungguh kudu dhag dhadhane dijokake, aja mbungkuk utawa
miring (mengkleng). Ing pahargyan adat Jawa nalika ngadeg luwih becik
ngapurancang.
b.Basa kang
digunakake gampang dingreteni, tembunge saiki komuikatif.
c.Swara kudu
ngarah-arah. Upama ana ing njero klas aja seru-seru, watone ngarep ora
kebrebegen sing ana mburi krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan utawa
papan kang amba lan rame, kudu nyuwara kang seru, isa uga nggunakake panyora
swara (sound system).
d.Nggatekake tema
kang jumbuh karo swasana. Tema iku baku banget dingreteni, amarga anggone
ngandharake mengaruhi swara, nada, lan ekspresi. Upamane sesorah temane
kamardikan beda karo tema bela sungkawa.
e.Swasana utawa
kahanan. Ing babagan iki sesorah kudu nulat wektu kahanan kang ana lan kang
dibutuhake. Yen wektu kang disedhiyakake ora suwe anggone sesorah kudu cekak
aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang tanpa payon kudu anut
kahanane.
f.Wayah. Wayah iki
uga kudu digatekake, sesorah ing wayah awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan
kanthi tema kang padha, upamane sesorah pengetan dina kamardikan wayah awan lan
bengi kudu dibedakake. Anggone nyuwara anut wayah, yen bengi aja seru-seru.
g.Papan. Sesorah
ing njero klas mesthi beda nalika sesorah ana ing papan ngibadah. Slaga lan tata
carane kudu njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan pendhidhikan dadi
nalika sesorah ngara-arah babagan pendhidhikan. Beda nalika sesorah ing papan
ngibadah, kang diandharake mesthine babagan kapitayan lan ibadah.
h.Audience utawa
pamireng. Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa kang mirengake.
Babagan iki gegayutan karo basal an sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga
masyarakat iku isa nggunakake basa kang gampang ditampa, tembunge liya
komunikatif kang ngaggo waton. Beda maneh nalika sesorah ing madyaning
pawiyatan inggil, upamane ing lingkungan kampus prayogane nggunakake basa kang
baku lan ilmiah.
Dhandanggula sakatembung dhandhang sayektine jenising kewan
manuk kang saben menclok nyuwara nggaok gaok, umume diarani manuk gagak. Saka
tembung kuwi ndhandhang ateges cewer utawa seneng omong ing ngendi paran. Gula
ateges samubarang kang legi. Adhedhasar saka pangerten kasebut, dhandhanggula ngemu surasa pitutur kang becik. Mula
tembang dhandhanggula pantese kanggo aweh pitutur bab kabecikan. Tuladhane serat Tripama kang ngandharake Dhandhanggula.
2.Pathokan tembang Dhandhanggula
Dhandhangula
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
10
i
10
10
a
8
e
7
u
9
i
7
a
6
u
8
a
12
i
7
a
3.Watak tembang Dhandhanggula
Watake
tembang Dhandhanggula iku luwes, seneng lan gumbira. Trep kanggo ngambarake
maneka warna swasana
4.Wos kang kamot ing tembang
Dhandhanggula (Tripama)
Serat Tripama
ngandharake babagan patuladhan, tokoh kepahlawan saka crita Ramayana ing
perangan lakon “Sumantri
ngeger”,”Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata lakon “Adipati Karna gugur”.
Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe
syarat sarana guna, kaya, lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa
gawe sugih negarane, lan nurut marang Negara sarta rajane. Iku ginambarake
dening tokoh patih Suwanda kang bekti lan setya marang negarane. Kayadene tokoh
Sumantri kang ngenger marang prabu Arjuna Sasrabahu setya lan miturut kabeh
dhawuh pangandikaning gustine.
Serat Tripama uga ngajarake supaya dadi warga
Negara kudu duwe sikep Nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo
mbelani negarane. Sikep iki kayadene Kumbakarna kang mbelani Negara Ngalengka
saka pangamuke wadyabala Ramawijaya. Iki minangka wujud sikep nasionalisme.
Patuladhan sabacute ing Serat Tripama, yaiku tokoh
Adipati Karna. Tokoh iki minangka dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing
perang Bharatayuda. Sanajan wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para
Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging
mbelani Negara Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani.