SESORAH
1. Pangertene sesorah/pidhato
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh
kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane Tujuwan
baku medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake
informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha
mangreteni sing diedharake.
Peprincening medhar pangandikan iku kaperang ddadi
pirang-pirang perangan.
a. Hamedhar
pangandikan kang asipat mratelakaken informasi.
b. Hamedhar
pangandikan kang asipat hiburan.
c. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamyarsa.
c. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamyarsa.
2. Perangan sesorah/pidhato
Perangan sesorah/pidhato ing
antarane yaiku :
a. Pambuka
Surasane
ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang
Gusti.
b. Surasa/isi
Perangan
iki ngemot andharan wigatining sesorah.
c. Wasana/PanutupLead
Ing
babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure
ngaturake pangajak marang kabecikan banjur dipungkasi ngaturake kaluputan
anggone ngandharake lan salam panutup.
3. Unsur-unsur sesorah/pidhato
Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/pidhato yaiku 5W + 1H.
4. Teknik maca sesorah/pidhato
Nalika
nindakake sesorah saliyane perangane kudu ganep, uga kudu nggatekake:
a. Sikep nalika
sesorah. Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora mingsat-mingset lan anteng.
Dene yen sesorah kanthi lungguh kudu dhag dhadhane dijokake, aja mbungkuk utawa
miring (mengkleng). Ing pahargyan adat Jawa nalika ngadeg luwih becik
ngapurancang.
b. Basa kang
digunakake gampang dingreteni, tembunge saiki komuikatif.
c.
Swara kudu
ngarah-arah. Upama ana ing njero klas aja seru-seru, watone ngarep ora
kebrebegen sing ana mburi krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan utawa
papan kang amba lan rame, kudu nyuwara kang seru, isa uga nggunakake panyora
swara (sound system).
d. Nggatekake tema
kang jumbuh karo swasana. Tema iku baku banget dingreteni, amarga anggone
ngandharake mengaruhi swara, nada, lan ekspresi. Upamane sesorah temane
kamardikan beda karo tema bela sungkawa.
e. Swasana utawa
kahanan. Ing babagan iki sesorah kudu nulat wektu kahanan kang ana lan kang
dibutuhake. Yen wektu kang disedhiyakake ora suwe anggone sesorah kudu cekak
aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang tanpa payon kudu anut
kahanane.
f. Wayah. Wayah iki
uga kudu digatekake, sesorah ing wayah awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan
kanthi tema kang padha, upamane sesorah pengetan dina kamardikan wayah awan lan
bengi kudu dibedakake. Anggone nyuwara anut wayah, yen bengi aja seru-seru.
g. Papan. Sesorah
ing njero klas mesthi beda nalika sesorah ana ing papan ngibadah. Slaga lan tata
carane kudu njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan pendhidhikan dadi
nalika sesorah ngara-arah babagan pendhidhikan. Beda nalika sesorah ing papan
ngibadah, kang diandharake mesthine babagan kapitayan lan ibadah.
h.
Audience utawa
pamireng. Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa kang mirengake.
Babagan iki gegayutan karo basal an sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga
masyarakat iku isa nggunakake basa kang gampang ditampa, tembunge liya
komunikatif kang ngaggo waton. Beda maneh nalika sesorah ing madyaning
pawiyatan inggil, upamane ing lingkungan kampus prayogane nggunakake basa kang
baku lan ilmiah.
Bisa nambah pengetahuan tentang sesorah 😍
BalasHapusBagus artikelnya
BalasHapusMaturnuwun infonipun
BalasHapus