Sabtu, 18 Mei 2019

Tembang Dhandhanggula


Dhandhanggula
(dianggit dening Kanjeng Sunan Kalijaga)

1.      Pangertene tembang dhandhanggula
Dhandanggula saka  tembung dhandhang sayektine jenising kewan manuk kang saben menclok nyuwara nggaok gaok, umume diarani manuk gagak. Saka tembung kuwi ndhandhang ateges cewer utawa seneng omong ing ngendi paran. Gula ateges samubarang kang legi. Adhedhasar saka pangerten kasebut, dhandhanggula ngemu surasa pitutur kang becik. Mula tembang dhandhanggula pantese kanggo aweh pitutur bab kabecikan. Tuladhane serat Tripama kang ngandharake Dhandhanggula.

2.      Pathokan tembang Dhandhanggula
Dhandhangula
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
10
i
10
10
a
8
e
7
u
9
i
7
a
6
u
8
a
12
i
7
a

3.      Watak tembang Dhandhanggula
Watake tembang Dhandhanggula iku luwes, seneng lan gumbira. Trep kanggo ngambarake maneka warna swasana

4.      Wos kang kamot ing tembang Dhandhanggula (Tripama) 
      Serat Tripama ngandharake babagan patuladhan, tokoh kepahlawan saka crita Ramayana ing perangan lakon “Sumantri ngeger”,”Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata lakon “Adipati Karna gugur”. 
      Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe syarat sarana guna, kaya, lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih negarane, lan nurut marang Negara sarta rajane. Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda kang bekti lan setya marang negarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger marang prabu Arjuna Sasrabahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandikaning gustine.
      Serat Tripama uga ngajarake supaya dadi warga Negara kudu duwe sikep Nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Sikep iki kayadene Kumbakarna kang mbelani Negara Ngalengka saka pangamuke wadyabala Ramawijaya. Iki minangka wujud sikep nasionalisme.
      Patuladhan sabacute ing Serat Tripama, yaiku tokoh Adipati Karna. Tokoh iki minangka dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing perang Bharatayuda. Sanajan wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani Negara Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani.


5. Tuladha Tembang Dhandhanggula






























































































































Tembang Pangkur




PANGKUR
(dianggit dening Kanjeng Sunan Muryapada)

1.      Pangertene tembang Pangkur
Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira: tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora ngganggu anggone urip. Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah nengenake ngibadah nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kawasa.

2.      Pathokan tembang Pangkur
PANGKUR
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
a
7
11
i
8
u
7
a
12
u
8
a
8
i



3.      Watak tembang Pangkur
Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute. 

4.      Makna tembang Pangkur
Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan Muryapada. Duwe makna nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang ngungkurake kadonyan, isa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising pati.

5.      Tuladha tembang Pangkur 




       STRUKTUR TEKS DRAMA a Plot utawa Alur Plot utawa alur mujudake rerangkening crita/konflik para paraga/tokoh saka wiwitan nganti p...