PANGKUR
(dianggit dening Kanjeng Sunan
Muryapada)
1. Pangertene tembang Pangkur
Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa
nalika wis kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat,
perwira: tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya
ora ngganggu anggone urip. Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah
nengenake ngibadah nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kawasa.
2. Pathokan tembang Pangkur
PANGKUR
|
||
Guru
wilangan
|
Guru
lagu
|
Guru
gatra
|
8
|
a
|
7
|
11
|
i
|
|
8
|
u
|
|
7
|
a
|
|
12
|
u
|
|
8
|
a
|
|
8
|
i
|
|
|
|
|
3. Watak tembang Pangkur
Watake tembang Pangkur iku madhep
manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang
nyata, lan sapiturute.
4. Makna tembang Pangkur
Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan
Muryapada. Duwe makna nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang
ngungkurake kadonyan, isa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang
dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising
pati.
5. Tuladha tembang Pangkur
Bagus kaka, tingkatkan
BalasHapusTerimakasih atas pendapatnya, semoga bermanfaat..
HapusWah, ilmunya sangat bermanfaat..
BalasHapusTerimakasih, semoga bermanfaat..🙂
BalasHapus