Minggu, 03 Januari 2021

 

     STRUKTUR TEKS DRAMA

a Plot utawa Alur

Plot utawa alur mujudake rerangkening crita/konflik para paraga/tokoh saka wiwitan nganti pungkasan. Lumakune crita/konflik tansah dumadi saka anane hubungan sebab akibat. Jroning plot/alur, anane konflik kang tumuju marang klimaks banjur dipungkasi anane penyelesaian. Rerangkening crita/plot biasane diwujudake jroning babak lan adegan. Jenise alur ana 3yaiku: 

(1) alur maju, menawa lakune crita ndlujur saka wiwitannganti tumekane pungkasan 

(2) alur mundur, menawa Terangkening crita nalika wis tekan pungkasan utawa tengah-tengah kok nyritakake maneh lelakon sing ngarep 

(3) alur campuran, mujudake gabungan antarane alur maju karo alur mundur jroning crita.

b. Pawatakane Paraga (Tokoh)

Wewatalane saben paraga/tokoh jroning drama diarani pawatakan. Wewatakane paraga jroning drama bisa dideleng saka pirembugan (dhialog) lan tindak-tanduk (katrangane tumindak kang katulis jroning teks drama). Watake paraga bisa digambarake telung dihimensi fisiologis, psikologis, lan sosiologis. Adhedhasar lakune crita, ana paraga protagonis, paraga antagonis, lan paraga Iritagonis. Dene adhedhasar lakon lan fungsine jroning crita, ang paraga utama lan paraga pambiyantu.

c. Pacelathon utawa Pirembugan (Dhialog)

Ciri khase teks drama yaiku dumunung ing pirembugan utawa pacelathon (dialog). Jinise basa sing digunakake yaiku basa komunikatif dudu basa jinis tulis. Jroning dhialog pamilih tembung dijumbuhake karo dramatic action Beda karo jroning plot kang pamilihing tembung adhedhasar estetika.

d Seting utawa Latar

Setting utawa latar mujudake gegambarane panggonan dumadine crita. wektu dumadine crita, lan swasana utawa kahanan Jroning crita drama Setting kagambarake kanthi nyata jroning saben-saben adegan.

e. Underan utawa Tema

Underan (tema) muudake bakune gagasan jroning crita drama Underan (tema) kerep diarani lakon jroning drama nanging lakon ora padha irah-irahan utawa judhul. Tema sipate kudu obyektif.

f. Pesen lan Amanat

Pesen lan amanat mujudake piwulang utawa tuntunan budi pekerti kang kinandhut jroning drama. Pesen lan amanat iki sipate subyektif. Amanat tansah gegayutan makna (significance).

 

Tembung lan ukara kang biasane ana ing sajroning teks drama

a. Tembung rangkep. yaiku tembung sing ditulis utawa diucapake kaping

pindho (dhobel).

Tembung rangkep diperang dadi papat:

(1) Dwilingga wantah, yaiku tembung lingga sing diucapake kaping pindho.

      Tuladhane: rencang-rencang, apa-apa, golek-golek, upacara-upacara, Isp.

(2) Dwilingga salin swara, yaiku tembung lingga sing diucapake kaping pindho nanging ana swarane tembung sing owah.

      Tuladhane: bolak-balik, gonta-ganti, ingah-ingih, lsp.

(3) Dwipurwa, yaiku tembung rangkep sing pangrimbage wanda ngarep sing dirangkep.

      Tuladhane: rerasanan, tetangga. pepacangan, Isp.

(4) Dwiwasana, yaiku tembung rangkep sing pangrimbage wanda mburi sing dirangkep.

       Tuladha: ndhepipis, ndhengangak, ndegegeg, Isp.

b. Adhedhasar isine, ukara diperang dadi: ukara pitakon, ukara andharan, lan

ukara prentah

(1) Ukara pitakon, yaiku ukara sing isine njaluk katrangan ngenani apa ta apa. Ukara pitakon dikenani tembung pitakon (upamane: apa, sapa, kapan. pira, ing ngendi, kepriye, Isp.)

 Tuladha: - Sapa sing mbutuhake dhuwit iki mau?

                -Ing ngendi dununge omahe mas Kusuma?

                - Geneya Andri mbalekake peningsete?

(2) Ukara andharan, yaiku ukara sing isine ngandharake apa ta apa ngenani samubarang.

Tuladha: -Bu Sulis arep ngirim dhuwit marang mas Kusuma

               -Mas Agung kari jeng Andri mentas wae tunangan

               -Bapak lan ibune Andri nyarujuki sesambungane Andri kari mas Agung.

(3) Ukara prentah, yaiku ukara sing isine ngongkon (mrentah) supaya wong sing mrentah nandangi apa sing dadi penjaluke wong sing mrentah

Tuladha: -Mas kawinmu jaluken maneh marang mas Agung!

               -Kowe saiki menyanga omahe Bu Sulis!

               -Kancamu takkonana siji-siji!

 

 

sumber :

Riyadi, Imam (2015). Suluh Basa Jawa. Blitar: Yudhistira.

Jumat, 24 Mei 2019

Wewaler

                                           WEWALER

 
Wewaler yaiku samubarang kang ora kena diterak, sesambungan karo kahanan ing sakiwa tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo gusti Allah sing nyipta. Ing wulangan iki wewaler sing dirembug yaiku wewaler kang ana ana sesambungane karo manungsa sesrawungan karo lingkungan. Manungsa urip kuwi tansah sesambungan siji lan sijine. supaya sesambungan kuwi lumaku kanthi becik, saben manungsa kudu ngugemi marang paugeran paugeran kang bisa kajupuk saka wewaler. Sebab kanthi ngugemi wewaler kuwi mau manungsa bisa nindakake babagan kang utama ana ing sakjroning uripe. kayata anane rasa urmat, tepa slira, tulung tinulung, rasa welas asih lan duwe jiwa kaprawiran kanggo kamulyaning nagara.
Tuladha:
1. Ora ilok lungguh nang bantal, mengko wudunen.
Artine:
    Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka

2. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.
Artine:
    Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.

3. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.

Artine:
    Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular

4. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.

Artine:
    Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.

5. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.

Artine:
    Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor

Sesorah


 SESORAH




1.       Pangertene sesorah/pidhato
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane Tujuwan baku medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diedharake.
Peprincening medhar pangandikan iku kaperang ddadi pirang-pirang perangan.
              a.  Hamedhar pangandikan kang asipat mratelakaken informasi.             
            b. Hamedhar pangandikan kang asipat hiburan.
              c.  Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamyarsa.

2.      Perangan sesorah/pidhato
Perangan sesorah/pidhato ing antarane yaiku :
               a. Pambuka
       Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang Gusti.
               b. Surasa/isi
       Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah.
              c.  Wasana/PanutupLead
      Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan   banjur dipungkasi ngaturake kaluputan anggone ngandharake lan salam panutup.

3.       Unsur-unsur sesorah/pidhato
Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/pidhato yaiku 5W + 1H.

4.       Teknik maca sesorah/pidhato
Nalika nindakake sesorah saliyane perangane kudu ganep, uga kudu nggatekake:
       a. Sikep nalika sesorah. Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora mingsat-mingset lan anteng. Dene yen sesorah kanthi lungguh kudu dhag dhadhane dijokake, aja mbungkuk utawa miring (mengkleng). Ing pahargyan adat Jawa nalika ngadeg luwih becik ngapurancang.
       b.  Basa kang digunakake gampang dingreteni, tembunge saiki komuikatif.
      c.  Swara kudu ngarah-arah. Upama ana ing njero klas aja seru-seru, watone ngarep ora kebrebegen sing ana mburi krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan utawa papan kang amba lan rame, kudu nyuwara kang seru, isa uga nggunakake panyora swara (sound system).
     d.  Nggatekake tema kang jumbuh karo swasana. Tema iku baku banget dingreteni, amarga anggone ngandharake mengaruhi swara, nada, lan ekspresi. Upamane sesorah temane kamardikan beda karo tema bela sungkawa.        
      e.     Swasana utawa kahanan. Ing babagan iki sesorah kudu nulat wektu kahanan kang ana lan kang dibutuhake. Yen wektu kang disedhiyakake ora suwe anggone sesorah kudu cekak aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang tanpa payon kudu anut kahanane.
      f.  Wayah. Wayah iki uga kudu digatekake, sesorah ing wayah awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan kanthi tema kang padha, upamane sesorah pengetan dina kamardikan wayah awan lan bengi kudu dibedakake. Anggone nyuwara anut wayah, yen bengi aja seru-seru.
     g.  Papan. Sesorah ing njero klas mesthi beda nalika sesorah ana ing papan ngibadah. Slaga lan tata carane kudu njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan pendhidhikan dadi nalika sesorah ngara-arah babagan pendhidhikan. Beda nalika sesorah ing papan ngibadah, kang diandharake mesthine babagan kapitayan lan ibadah.
      h.  Audience utawa pamireng. Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa kang mirengake. Babagan iki gegayutan karo basal an sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga masyarakat iku isa nggunakake basa kang gampang ditampa, tembunge liya komunikatif kang ngaggo waton. Beda maneh nalika sesorah ing madyaning pawiyatan inggil, upamane ing lingkungan kampus prayogane nggunakake basa kang baku lan ilmiah.

       STRUKTUR TEKS DRAMA a Plot utawa Alur Plot utawa alur mujudake rerangkening crita/konflik para paraga/tokoh saka wiwitan nganti p...