Minggu, 03 Januari 2021

 

     STRUKTUR TEKS DRAMA

a Plot utawa Alur

Plot utawa alur mujudake rerangkening crita/konflik para paraga/tokoh saka wiwitan nganti pungkasan. Lumakune crita/konflik tansah dumadi saka anane hubungan sebab akibat. Jroning plot/alur, anane konflik kang tumuju marang klimaks banjur dipungkasi anane penyelesaian. Rerangkening crita/plot biasane diwujudake jroning babak lan adegan. Jenise alur ana 3yaiku: 

(1) alur maju, menawa lakune crita ndlujur saka wiwitannganti tumekane pungkasan 

(2) alur mundur, menawa Terangkening crita nalika wis tekan pungkasan utawa tengah-tengah kok nyritakake maneh lelakon sing ngarep 

(3) alur campuran, mujudake gabungan antarane alur maju karo alur mundur jroning crita.

b. Pawatakane Paraga (Tokoh)

Wewatalane saben paraga/tokoh jroning drama diarani pawatakan. Wewatakane paraga jroning drama bisa dideleng saka pirembugan (dhialog) lan tindak-tanduk (katrangane tumindak kang katulis jroning teks drama). Watake paraga bisa digambarake telung dihimensi fisiologis, psikologis, lan sosiologis. Adhedhasar lakune crita, ana paraga protagonis, paraga antagonis, lan paraga Iritagonis. Dene adhedhasar lakon lan fungsine jroning crita, ang paraga utama lan paraga pambiyantu.

c. Pacelathon utawa Pirembugan (Dhialog)

Ciri khase teks drama yaiku dumunung ing pirembugan utawa pacelathon (dialog). Jinise basa sing digunakake yaiku basa komunikatif dudu basa jinis tulis. Jroning dhialog pamilih tembung dijumbuhake karo dramatic action Beda karo jroning plot kang pamilihing tembung adhedhasar estetika.

d Seting utawa Latar

Setting utawa latar mujudake gegambarane panggonan dumadine crita. wektu dumadine crita, lan swasana utawa kahanan Jroning crita drama Setting kagambarake kanthi nyata jroning saben-saben adegan.

e. Underan utawa Tema

Underan (tema) muudake bakune gagasan jroning crita drama Underan (tema) kerep diarani lakon jroning drama nanging lakon ora padha irah-irahan utawa judhul. Tema sipate kudu obyektif.

f. Pesen lan Amanat

Pesen lan amanat mujudake piwulang utawa tuntunan budi pekerti kang kinandhut jroning drama. Pesen lan amanat iki sipate subyektif. Amanat tansah gegayutan makna (significance).

 

Tembung lan ukara kang biasane ana ing sajroning teks drama

a. Tembung rangkep. yaiku tembung sing ditulis utawa diucapake kaping

pindho (dhobel).

Tembung rangkep diperang dadi papat:

(1) Dwilingga wantah, yaiku tembung lingga sing diucapake kaping pindho.

      Tuladhane: rencang-rencang, apa-apa, golek-golek, upacara-upacara, Isp.

(2) Dwilingga salin swara, yaiku tembung lingga sing diucapake kaping pindho nanging ana swarane tembung sing owah.

      Tuladhane: bolak-balik, gonta-ganti, ingah-ingih, lsp.

(3) Dwipurwa, yaiku tembung rangkep sing pangrimbage wanda ngarep sing dirangkep.

      Tuladhane: rerasanan, tetangga. pepacangan, Isp.

(4) Dwiwasana, yaiku tembung rangkep sing pangrimbage wanda mburi sing dirangkep.

       Tuladha: ndhepipis, ndhengangak, ndegegeg, Isp.

b. Adhedhasar isine, ukara diperang dadi: ukara pitakon, ukara andharan, lan

ukara prentah

(1) Ukara pitakon, yaiku ukara sing isine njaluk katrangan ngenani apa ta apa. Ukara pitakon dikenani tembung pitakon (upamane: apa, sapa, kapan. pira, ing ngendi, kepriye, Isp.)

 Tuladha: - Sapa sing mbutuhake dhuwit iki mau?

                -Ing ngendi dununge omahe mas Kusuma?

                - Geneya Andri mbalekake peningsete?

(2) Ukara andharan, yaiku ukara sing isine ngandharake apa ta apa ngenani samubarang.

Tuladha: -Bu Sulis arep ngirim dhuwit marang mas Kusuma

               -Mas Agung kari jeng Andri mentas wae tunangan

               -Bapak lan ibune Andri nyarujuki sesambungane Andri kari mas Agung.

(3) Ukara prentah, yaiku ukara sing isine ngongkon (mrentah) supaya wong sing mrentah nandangi apa sing dadi penjaluke wong sing mrentah

Tuladha: -Mas kawinmu jaluken maneh marang mas Agung!

               -Kowe saiki menyanga omahe Bu Sulis!

               -Kancamu takkonana siji-siji!

 

 

sumber :

Riyadi, Imam (2015). Suluh Basa Jawa. Blitar: Yudhistira.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

       STRUKTUR TEKS DRAMA a Plot utawa Alur Plot utawa alur mujudake rerangkening crita/konflik para paraga/tokoh saka wiwitan nganti p...