KINANTHI
(dianggit
dening Kanjeng Sultan Adi Erucakra)
1. Pangertene lan maknane tembang
Kinanthi
Miturut maknane, tembang kinanthi iku nggambarake mangsa
nalika manungsa iku wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tetrem ayem
karo kluwargane. Kinanthi iku saemper
karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng. Ana maneh kang wimbuh pangerten yen
tembang kinanthi iku nuntun utawa nganthi. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa
kudu bisa nuntun/nganthi putra-putrane supaya sakabeh tumindake ora nalisir saka
bebener. Mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling marang putra-putrane.
2. Pathokan tembang Kinanthi
KINANTHI
|
||
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Guru gatra
|
8
|
u
|
6
|
8
|
i
|
|
8
|
A
|
|
8
|
I
|
|
8
|
a
|
|
8
|
I
|
3. Watak tembang Kinanthi
Watake sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut
renteng-renteng reruntungan. Mula biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur,
rasa tresna asih. Mula padatan kang kulina, digunakake kanggo gandrung lan aweh
pitutur.
4. Wos kang kamot ing tembang Kinanthi (Wedhatama)
·
Serat Wedhatama ngajarake
sawenehe tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter kang bisa
sinebut etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunan etis kang ner marang dhiri pribadine dhewe. Kayadene
piwulang-piwulang ing budaya Jawa, Serat
Wedhatama mentingake rasa pangrasa, pikir, amarah, utawa kapitayan (spiritual). Bab iki kamot ing pitutur
supaya ngolah lantiping rasa (angulah lantiping ati) lan
nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang berbudi luhur (bengkas kahardaning
driya, supaya dadya utami).
·
Supaya antuk ngelmu
sejati ‘ilmu sejati’ bisa lumantar
ngolah lantiping ati, yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi (pangasahe sepi
samun). Yen dilakoni kanthi temen bakal bisa mutung
pepalang kang dadi pepalanging budi (bengkas kahardaning driya, kekes srabedaning budi).
·
Syarat nglakoni ngelmu sejati (lakune ngelmu sejati)
yaiku ora kena iri lang drengki (tan dahwen pati openan), ora getapan “atine gampang panas”
(tan panasten), ora ngganggu
wong liya (nora jail), ngendhem hawa
nepsu (tan njurung ing kahardan), kang ditindakake yaiku mung meneng supaya
tentrem ayem (amung eneng amrih ening).
·
Serat Wedhatama ngajarake
lamun manungs iku kudu tansah eling lan waspada (eling lan waspada; awas lan eling). Eling ing kene duwe karep supaya eling marang pitutuduh utawa tuladha
saka mobah mosiking alam (eling lukitaning alam)
·
Waspada tegese ngerti
pepalange urip (wruh warananing urip). Uga supaya
ora sembrana pari kena, sembrana ing batine (aywa sembrana ing kalbu) lan nulat tembung-tembung kang diucapake, ngilangake rasa kang
mangu-mangu “ragu-ragu”, lan waspada nulat ing samubarang (waspada ing pangeksi)
·
Serat Wedhatama ngajarake
supaya ora kulina tumindak nistha (aywa mematuh nalutuh), ati-ati
marang pepalanging urip. Upama lagi lumaku,
dalan kang dilewati iku kebak ing bebaya, yen ora ngati-ati bakal kena ri (sayekti kasandung ri) utawa kesandhung watu.
·
Serat Wedhatama ngajarake
supaya aja nganti gela ing tembe burine (atetamba yen wus bucik). Watek kang
kaya mangkono iku ateges sanadyan wong kang duwe pangerten, nanging ora ana
gunane, mula kapinterane mung kanggo golek pangan lan pamrih (kawruhe kinarya
ngupaya kasil lan melik)
·
Kabecikan kang wis diwulangake iku minangka cara
kanggo ngudi supaya entuk kamulyan. Sanadyan ora bisa mujudake kanthi sakabehe,
nanging manungsa kudu bisa nganti kasil sanadyan ora kabeh bisa kawujud kaya
sing dikarepake, nanging manungsa diwajibake ngudi kanthi tenann. Awit manungsa
yen ora gelem usaha nalika golek nafkah, bisa diarani rugi (yekti tuna tinitah).
·
Ing Serat Wedhatama, wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa
srawung karo pawongan liya, lan bisa mangun sesrawunganing papan ngendi wae. (bangkit ajur ajer). Sanadyan kerep geseh panemu, amarga ngetokake panemu, tansah urip rukun
lan ayem, becik, nadyan mung sadrema aweh seneng marang wong liya (mung ngenaki tyasing
lyan). Mula, kala-kala manungsa iku ethok-ethok
bodho (den bisa mbusuki ujaring janmi). Wong kang wicaksana bakal tumindak kanthi cara kang alus, sanadyan marang pawongan liya (sinamun ing samudana) lan becik (sesadon ing adu
manis).
5.
Tuladha tembang Kinanthi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar