Sabtu, 18 Mei 2019

Tembang Pangkur




PANGKUR
(dianggit dening Kanjeng Sunan Muryapada)

1.      Pangertene tembang Pangkur
Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira: tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora ngganggu anggone urip. Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah nengenake ngibadah nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kawasa.

2.      Pathokan tembang Pangkur
PANGKUR
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
a
7
11
i
8
u
7
a
12
u
8
a
8
i



3.      Watak tembang Pangkur
Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute. 

4.      Makna tembang Pangkur
Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan Muryapada. Duwe makna nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang ngungkurake kadonyan, isa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising pati.

5.      Tuladha tembang Pangkur 




4 komentar:

       STRUKTUR TEKS DRAMA a Plot utawa Alur Plot utawa alur mujudake rerangkening crita/konflik para paraga/tokoh saka wiwitan nganti p...