Jumat, 24 Mei 2019

Wewaler

                                           WEWALER

 
Wewaler yaiku samubarang kang ora kena diterak, sesambungan karo kahanan ing sakiwa tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo gusti Allah sing nyipta. Ing wulangan iki wewaler sing dirembug yaiku wewaler kang ana ana sesambungane karo manungsa sesrawungan karo lingkungan. Manungsa urip kuwi tansah sesambungan siji lan sijine. supaya sesambungan kuwi lumaku kanthi becik, saben manungsa kudu ngugemi marang paugeran paugeran kang bisa kajupuk saka wewaler. Sebab kanthi ngugemi wewaler kuwi mau manungsa bisa nindakake babagan kang utama ana ing sakjroning uripe. kayata anane rasa urmat, tepa slira, tulung tinulung, rasa welas asih lan duwe jiwa kaprawiran kanggo kamulyaning nagara.
Tuladha:
1. Ora ilok lungguh nang bantal, mengko wudunen.
Artine:
    Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka

2. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.
Artine:
    Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.

3. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.

Artine:
    Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular

4. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.

Artine:
    Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.

5. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.

Artine:
    Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor

8 komentar:

       STRUKTUR TEKS DRAMA a Plot utawa Alur Plot utawa alur mujudake rerangkening crita/konflik para paraga/tokoh saka wiwitan nganti p...